DUMADINE DESA BAKARAN, JUWANA

Ceritane desa Bakaran kuwi ngene. Desa Bakaran kuwi asale alas sing diobong. Papan pangonane ning wilayah Pati. Tembung obong padha karo bakar dadi langsung dijenengi desa Bakaran amarga asale saka obong-obongan utawa bakar-bakaran. Alas diobong amarga ana sing tau seneng Nyi Ageng, nanging dheweke durung bisa nampa. ing ngisor salah sijining syarat kang dijaluk Nyi Ageng. Syarat kang dijaluk marang jaka kuwi unine kaya ngene:

Aku gelem nampa lamaranmu yen awakmu bisa gaweke pitung sumur kanggo aku.

Ya, Ageng yen mung kuwi panjalukanmu bakal tak turuti.” “Nanging kang tak jaluk sesuk kudu wis rampung.”

Sesuk, apa Ageng sesuk kudu wis dadi ora salah kuwi?

Ya sesuk, piye awakmu sanggup ora?

Ya, Ageng. Aku sanggup.” Jaka kuwi mau akhire gelem nyagohi gaweke pitung sumur kanggo Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng bingung amarga dheweke bisa gawe pitung sumur.

Jaka mau njaluk rewang lelembut lan bangsa alus (setan, jin, dhemit, gendruwo lan saliyane). Akhire Nyi Ageng duwe cara kang bisa nggagalke kuwi mau. Dheweke ning sawah nglumpuke dami kang arep diobong ning tengah sawah. Dheweke uga ngongkon wong neng desa numbuk lesung. Para lelembut lan bangsa alus kuwi mau akhire ora bisa ngrewangi nganti rampung amarga dikira wis wayah esuk. Bangsa alus kuwi mau wedi yen ana srengenge.

Dami sing diobong neng tengah sawah mau dikira srengenge arep mlethek. Suarane lesung sing saut-sautan lan wayah jago kluruk. Kabeh kuwi mau nandhake yen wis wayah esuk. Nyi Ageng kuwi salah sijining tokoh wira ning desa Bakaran. Dheweke uga kang jenake desa Bakaran. Nyi Ageng ora ninggal, nanging dheweke muksa sapa kang bakal pengin ketemu kuwi bisa. Nanging kabeh ana syarate mbuh kuwi pasa muteh utawa pasa Senin Kemis lan sapiturute. Dheweke uga ninggal unen-unen kanggo anak putune sing urip ning desa Bakaran.

Unen – unen kuwi kaya ngene unine: “He anak putuku kang ana ing Bakaran. Supaya awakmu urip ing Desa Bakaran, bisa slamet uripe, uga wareg sandhang lan pangan, mula awakmu aja wani-wani nglanggar larangan sing daksebutake kaya ing ngisor iki:
1. Aja dodol sego
2. Aja medel (wenter kain batik)
3. Aja mande (obong-obongan)
4. Aja gawe omah saka bata abang”

Kuwi pawelingku kanggo anak putuku kabeh kang ana ning desa Bakaran. Dadi ing ngendi wae papan panggonanmu yen awakmu asli wong Bakaran aja nganti lali karo apa sing wis dakwelingake.”

Aja dodol sego!” miturut wong Jawa wong dodol sego kuwi ora apik. Sego kuwi panganan pokok, kang dipangan saben dina. Dodol sego kuwi padha karo adol rejekine dhewe. Sego kuwi luwih becik diwenehke katimbang didol. Oleh adol sego nanging kudu mbok olah ora mung rupa sego. Sego kuwi bisa diolah dadi lontong, bubur, sego mener lan sego loyang, lan saliyane. Dadi yen awakmu kepengin dodol sego kuwi ana usahane masak lan liya-liyane. Ora mung rupa sego nanging bisa digawe macem –macem, uga maneka warna bentuk lan rasane.

Aja medel (wenter kain batik)!” pancen bener Bakaran kuwi wis kawentar batik tulise lan trasi Bakarane. Nyi Ageng biyene seneng nganggo batik tulis lan jarikan. Dheweke saben dina uga nganggo tapeh tulis. Wong Bakaran uga duweni ketrampilan pinter mbatik. Nyi Ageng kuwi wanti-wanti aja nganti medel amarga kerjane gedhe bebaya. Saben dina kudu ing cedhake geni terus lan banyu umub, mula wedine yen ana kobongan lan kutahan banyu umub. Nyelup batikan kuwi kudu ati-ati amarga panas banget. Yen ora bisa ora usah, amarga malah bisa kutahan banyu umub kang dienggo medel batik.

Aja mande obong-obongan!”urip ing Bakaran iki pancen akeh aturan nanging kepenak. Wong Bakaran aja nganti mande yakuwi kaya wong gawe wesi kaya ngelas wesi. Kuwi bebayane gedhe amarga bisa ngrusak mpripat. Pusate jagad kuwi ya mung mpripat.

Yen mpripate wis ora loro lan ora bisa ndeleng mula jagad iki rasane petheng dhedhet. Kanggo njagani kabeh kudu ati – ati. Kejaba ngrusak mpripat uga bisa ngrusak saliyane. “Aja gawe omah saka bata abang!” pundhen Bakaran kuwi digawe saka bata abang. Punden kuwi biyene omahe Nyi Ageng dhewe.

Saiki didandani kanggo ngurmati Nyi Ageng. Dheweke ora kepengin, ana wong liya kang bisa ngembari. Mula wong Bakaran kabeh omahe saka bata putih. Kejaba wong kang isih mamang lan durung mantep. Omahe digawe saka bata separo abang, kang separo bata putih. Bata abang kuwi asale uga saka obong-obongan. Ing sacedhake pundhen kuwi uga ana sumur gawenane priya sing tau seneng dheweke. Sabenere wong Bakaran kuwi ora oleh nggawe sumur ing jero omah. Ing njero sumur kuwi ora ana banyune. Lha banyu kuwi sumbere kanggo kabeh manungsa supaya bisa urip. Kang mbutuhke banyu kuwi wong akeh ora mung awake dheweke. Wong liya uga butuh banyu kanggo saben dinane. Mula sumure aja didokok ing jero omah nanging didokok ing sajabaning omah. Kuwi banyu sumbere wong urip. Sumur kang sacedhake pundhen kuwi jenenge sumur tiban amarga kanggo sumpah-sumpahan. Kuwi kanggo nduduhake kang salah bakale seleh lan sing bener bakal mujur. Nganti saiki sumur banyune isih tetep bening.

Nyi Ageng kuwi wong wadon sing ayu rupane. Mula kabeh priya seneng lan kedanan karo dheweke. Wong tuane kuwi biasa uripe uga sedherhana. Kawit cilik dituturi uripe kuwi mung sepisan mula kudu apik marang apa wae. Nanging watake kuwi ana sing nurun ibune uga ana kang nuruni bapake. Wong tuwane kuwi duwe sawah nanging ora digarap dhewe. Senenge sawahe digarapake wong liya. Ageng biasane ngrewangi ibune mbatik neng omah. Kuwi salah sijining watak kang nuruni ibune. Bapake semana uga kejaba seneng sawahan dheweke uga seneng adu jago. Jarene adu jago bisa ngilangake pikiran sing lagi judheg. Nyi Ageng uga seneng dolanan pitik jago. Saben dina, Ageng mesthi dijak bapake ndeleng adu jago. Nyi Ageng putri kinasih bapake. Dadi dheweke uga pinter ngrumat pitik kuwi mau, amarga saben dina dheweke weruh bapake piye carane ngrumat jagone. Nyi Ageng duwe sedulur lanang nanging wis ninggal. Kangmase ninggal sadurunge dheweke lair, mula Ageng kuwi dieman-eman. Kepengine bapake Nyi Ageng kuwi dadi bocah wadon sing kuwat lan wani. Jeneng asline kuwi Niken Banowati nanging jeneng cilikane Sabirah. Tegese kuwi supaya besuk dadi wong sing sabar lan tabah ngadhepi cobaan urip ing donya.

Nyi Ageng urip ing Bakaran wektu jamane transisi Kerjaan Majapahit ning Kerajaan Demak kuwi abad 16. Ibune Ageng batikane wis kawentar ing mancanegara. Ibune Ageng kuwi jenenge Niken yen bapake jenenge Bono. Banjur duwe anak dijenengke Niken Banowati. Sawise kuwi Ibune Ageng ninggal amarga kutahan banyu umub olehe medel. Mula ibune sadurunge ninggal pesen karo Nyi Ageng.
Kaya ngene pesene: “Ndhuk Ageng, besuk turuna karo anak putumu aja konggon medel, salah siji wae sing nglakoni kaya aku iki.”
Injih, Bu!
Uga aja adol sego, ya ndhuk yen ana wong sing njaluk mangan wenehana. Adol sego kuwi padha karo adol rejekine awake dhewe.
Injih bu, Ageng manut sedaya pesen ibu.
Pokoke aja sing obong-obongan, ya ndhuk!
Injih bu, percayaa karo Ageng.
Ibu, uga nitip bapak dirumat sing apik.
Ibu, Ageng aja ditinggal.” Ibune Ageng banjur ninggal.

Saiki dheweke urip mung gari bapake. Benggang sedala bapake uga nyusul bojone. Nyi Ageng wis ora duwe sapa-sapa meneh. Ora duwe sanak lan kadhang. Dheweke urip ing desa dhewe. Bapake uga pesen yen dheweke kudu ngrumati jagone. Amarga jagone kuwi kang bakal bisa jaga awake yen ana wong kang bakal tumindhak ora becik. Kejaba batike ibune kawentar bapake semana uga wis kawentar anggone adu jago. Ora let suwe bapake uga ninggal amarga kaget wong kang wis dipercaya malah mbejani janji. Wong kuwi ora liya ya mung rewange Nyi Ageng dhewe. Amarga dheweke wis kancanan karo Dampo A Wang kang licik. Rewang kuwi di iming-imingi dhuwit akeh. Asale dheweke bisa ngalahke lan ngancurke Nyi Ageng. Krungu warta berita kaya ngana bapake banjur kaget. Sawahe bapake bangkrut lan uripe Nyi Ageng wis ora kaya biyen. Saben dina biyen rasane ayem lan tentrem. Ora kaya saiki saben dina mung tansah ngalamun jalaran lelakon urip kang lagi ditampa. Kejaba ngana bapake uga wis sepeh lan duweni penyakit kagetan. Dheweke ora ngira lan ora nyangka yen rewange bakal tumindak ora becik. Dheweke padha karo ditulung nanging malah menthung. Nyi Ageng mung bisa sabar lan tabah ngalami urip kang lagi entuk cobaan.

Sawise kedadean kuwi lan sadurunge bapake ninggal, Nyi Ageng diwanti-wanti bapake supaya aja gampang percaya karo wong liya. Jalaran wong liya saiki ora bisa dicekel omongane. Kejaba kuwi uga sering mblenjani janji. Luru wong jujur ora dhek biyen lan ora saiki kuwi pancen angel. Lambe kuwi larang regane. Ajining dhiri gumanthung ing lathi. Nyi Ageng saiki uga seneng dolanan pitik. Ing salah siwijining dina ana saudhagar saka China jenenge Dampo A Wang dhewe kepengin mertamu ing omahe Nyi Ageng, jenenge wis kawentar ing tlatah Pati. Dampo A Wang seneng karo Nyi Ageng amarga ayune kinyis-kinyis wong lanang ngendi kang ora kedanan. Nanging Nyi Ageng ora weruh yen dheweke disenengi. Nyi Ageng dijak adu jago karo Dampo A Wang. Sebenere dheweke kepengin duwe pitik kaya Nyi Ageng kang menangan dhewe. Saben tarung jagone ora tau kalah. Saiki Dampo A Wang wis ngerti Nyi Ageng kuwi senengane adu jago mula dheweke banjur ngajak tarung. Dheweke uga ngerti jago kaya ngapa kang bakal dienggo tarung. Dheweke ngerti saka wong liya kang wis mudheng Nyi Ageng.

Nanging wong kang takoni ora ngerti yen dheweke bakal tumindhak ala karo Nyi Ageng. Nanging ing ngendi wae becik bakal kethithik lan ala bakal ketara. Wong jujur bakal mujur, lan wong gawene ngapusi bakal konangan dhewe. Dampo A Wang sadurunge mertamu ing omahe Nyi Ageng dhewe takon-takon Nyi Ageng. Dheweke kepengin weruh apa kang bisa ngalahke Nyi Ageng. Dheweke yen bisa uga kepengin mboyong Nyi Ageng dadi garwane. Dheweke kuwi licik, biasa wong China ya ngana kae. Dheweke senengane yen tarung ora tau jujur, dheweke mesthi licik lan ana-ana wae alasane. Nanging Nyi Ageng durung ngerti yen musuhe duweni tumindhak kang ala. Wiwit ketemu Nyi Ageng kuwi wis ora seneng. Tindak-tanduke kang ora sopan lan andhap-asor. Kawit pisanan kuwi ora bakal seneng amarga tumindhake kang ora ngerti unggah-ungguh, lan tata krama. Sing dibanggakake mung negarane dhewe, yen negara China kuwi negara kang paling apik. Ya entuk-entuk wae ngapik-ngapik negarane lan ya pancen ora salah. Nanging mbok ya ndeleng papan panggonane. Wis diunekake salin jaman salin tatanan, salin enggon salin kedhaton. Kuwi rak wis jelas yen ngono kudu ngerti. Ing ngendi wae ana tata krama. Mung wae kudu eling papan siji karo sijine. Desa siji karo desa liyane. Kutha kae karo kutha anu.

Nagara kana karo nagara kene. Ora kabeh padha. Ana tata krama kang mung kanggo ing papan wates. Ana tata krama kang kanggo ing bebrayan umum. Ana tata krama kang wong sejagad. Ngecakake tata krama kuwi kudu empan papan. Ngelingi papane, ngelingi siuasi lan kondhisine. Ora kena digebyah uyah. Ing ngisor iki ana pacelathon antarane Dampo A Wang lan Nyi Ageng :

Piye Ageng yen adu jago, jarene jago ngonanmu menang terus.

Ya, ora papa.

Wani tenan apa ora, sajake kok menangan jagone kaya apa ta?

Jagone, jago Lurik.

Paling-paling musuh jagoku pisan terus kalah.

Dadi wong kuwi aja kokean sumbar kuwi ora becik.”

Kuwi rak miturut wong Jawa, nanging yen China rak ya ora ngana kuwi.

Ya, mula dakkandhani bener awakmu wong China, nanging saiki awakmu rak neng Jawa.

Oalah ngana, ta?” (nanging omongane sajak karo ngece). “Injih.” (dheweke jawabe isih tetep alus). Dampo A Wang bisa nyulap palu dadi pitik keter.

Dheweke ngerti musuh kang bakal diadhepi kuwi ora musuh kang gemen-gemen utawa baen-baen. Jenenge wis kawentar ing ngendi wae. Mula dheweke kepengin ngalahke supaya Nyi Ageng isin. Jago sing daden-daden kuwi mau pancen kuwat lan bisa diandelke. Wong China kuwi pancen pinter-pinter nanging uga licik. Sapa wae bakal kalah wong pitik musuh palu. Palu kuwi digawe saka wesi. Olehe adu jago kuwi ning tengah sawah. Sepisanan jagone Nyi Ageng kalah amarga jalune wis kena. Dheweke bingung pitik kang gawene menang terus kok bisa kalah. Saben tarung karo sapa wae jagone mesthi menang. Bareng tarung karo Dampo A Wang kok mak klepek. Nanging Nyi Ageng isih durung ngerti apa jalarane.

Jagone saben dina wis dirumat kaya pewelinge bapake. Nanging kok isih bisa kalah. Dheweke gumune ora jamak. Dheweke terus curiga kro Dampo A Wang. Wong China kawi licik-licik lan ora kena dipercaya. Dheweke wedi yen pitik kang didu tarung kuwi ora pitik tenanan. Tegese pitik daden-daden. Ya palu kuwi mau barang kang bisa disulap dadi pitik. Dheweke saiki banjur ngerti saka apa pitike Dampo A Wang kuwi mau. Saking larane Nyi Ageng banjur ngamuk-ngamuk, “Titen nana Dampo A Wang, jebul kaya ngono kuwi tumindak alamu. Wis aku ora mung bisa nyulap palu nanging ganden (palu sing paling gedhe). Tumindakmu kuwi wis pancen ora bisa dingapuro maneh. Wis cukup semene wae lara atiku.” Nyi Ageng banjur nyulap gandhen dadi pitik jago. Jenenge Jago Lurik. Ngerti tumindake Dampo A Wang kaya ngono dheweke banjur mbales apa kang wis dilakoni Dampo A Wang karo dheweke. Adu jago kuwi mau ana wektu sela kanggo leren sedhela. Wektu sedela kuwi digunake Nyi Ageng kanggo nyulap ganden dadi jago sing kuwat. Cengger lan jalune gedhe banget, yen ngantem kena mesthi klenger. Wis pokoke ora tandhingane lan ora ana kang bisa ngalahake. Yen mung trima palu sing disulap ora ana bedane padha wae bedhu. Wektu dheweke kalah, dheweke kaya-kaya ana sing mbisiki kupinge. Lan ana swara, kuwi kaya swarane kang wis tau kenal, kaya suara bapake.

Pancen bener dheweke diwenehi ali-ali sing bisa dinggo nyulap gandhen dadi pitik. Bapake kuwi dadi wong tua sing ngango surban lan nanggo klambi putih. Ali-ali sing diwenehke kuwi bisa dienggo apa wae. Salah sijine yaiku mau bisa dinggo nyulap gandhen (palu sing paling gedhe). Ali-ali kuwi sekti mandra guna. Jagone Dampo A Wang mlayu sadurunge tarung bubar. Cengger lan jalu jagone Dampo A Wang wis kena. Cenggere metu getihe akeh, jalune coklek. Wis pokoke jagone dheweke kalah. Dheweke isin amarga wis sumbar bakal ngalahke musuhe nanging kasunyatane dheweke ora bisa ngalahke Nyi Ageng. Kejaba kuwi dheweke uga isin wong lanang kalah karo wong wadon. Nanging kawit cilik kuwi Nyi Ageng diajari dadi bocah wadon sing wani amarga bener lan wedi amarga salah. Dadi Nyi Ageng wiwit cilik wis kendel.Sajake Dampo A Wang isih dendam karo Nyi Ageng. Dheweke sebenere isih kepengin nduweni Nyi Ageng. Dheweke ora bisa nglaliake Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng tetep nolak amarga wis ngerti tumindhake Dampo A Wang kang ala. Dampo A Wang isih tetep nggudak-nggudak Nyi Ageng. Jarene nganti besuk isih bakalan dienteni. Nyi Ageng bingung, dheweke kapengin lunga saka omah lan lunga ngumbara. Dheweke akhire lunga lan mlaku ngliwati alas-alas. Nyi Ageng lunga saka omah amarga dheweke wii ora duwe sapa – sapa. Wong tuane wis ninggal semana uga sedulur siji-sijine uga wis ora ana.

Dheweke uga kepengin ngadoh saka Dampo A Wang. Saben ketemu dheweke mesthi digudak gudhak Dampo A Wang. Dheweke kepengin lunga supaya ora ketemu Dampo A Wang. Dheweke nanging kancanan karo priya jenengne Demang. Kuwi kancane kawit cilik. Wong tuane biyen uga tau kancanan.Nalika digudak-gudak Dampo A Wang, dheweke ditulungi Demang. Banjur dheweke diajak neng omahe Demang. Supaya Dampo A Wang ora ngerti lan ora ngudak-gudak maneh. Kejaba dheweke mesakake karo Nyi Ageng. Sabenere Demang uga nduweni rasa tresna marang Nyi Ageng. Dheweke ora wani jalaran wedi yen ditolak. Amarga kawit biyen dheweke wis kancanan. Wektu mlaku ing tengah alas, dheweke krungu swara bayi nangis. Bayi nangis kuwi mau arep dipangan macan. Dheweke ora tega banjur bayi kuwi mau ditulungi. Bayi kuwi ngelihen banjur dilurokake panganan. Bayi kang nemu ning alas kuwi lanang diwenehi jeneng “Sopo Nyono”. Tegese kuwi, sopo nyono bayi kuwi isih urip ditinggal ing alas dhewekan nganti arep dipangan macan. Sopo Nyono bayi kuwi saiki wis gedhe lan bagus rupane. Nyi Ageng saiki uripe wis ora dhewekan. Bayi kuwi saiki wis diangkat dadi anake. Mula dheweke saiki uga bingung yen bali ing omahe biyen.

Wong durung duwe bojo kok wis duwe anak. Mengko piye omongane wong ning desa. Dheweke mikir-mikir yen kepengin balik neng omah. Amarga dheweke saiki wis ora dhewekan nanging nduweni batur yaiku bayi sing nemu ing tengah alas. Bareng Dampo A Wang ngerti yen Nyi Ageng lunga saka omah dheweke banjur ngongkon kancane nyamar dadi Nyi Ageng kang palsu lan jahat. Kancane kuwi mau jenenge San Pho Wang. Dheweke banjur teka ing desa lan ngaku-ngaku yen dheweke kuwi Nyi Ageng. Dheweke dikongkon mbuktekake yen dheweke bener Nyi Ageng kang asli mula, dheweke kudu bisa mbatik tulis. Kuwi gawean sing paling abot amarga dheweke ora tau mbatik. Dheweke uga kudu bisa nyritakake kabeh uripe wiwit cilik nganti gedhe. Dheweke bingung lan ora mudeng apa-apa.Pagawean kang abot kuwi wis bisa digarap dheweke nyulap kain dadi batik tulis. Dheweke mbuktekake yen bisa nggawe batik tulis. Dheweke uga bisa mangsuli apa wae sing ditakonke wong desa marang dheweke. Bisa nyritakake uripe awit cilik nganti gedhe. Dheweke bisa weruh kabeh amarga diduduhke Dampo A Wang. Nanging saiki dheweke ora sanggup nyamar dadi wong apik. Jalaran Nyi Ageng kuwi tindak-tanduke apik. Ora kaya dheweke sing jahat ora duwe ati. Tega lan mentala karo sapa wae. Dheweke uga ora tau mikirke wong liya.Saiki dheweke njaluk bayaran, jalaran dheweke wis nglakoni kaya apa sing diperintahke. Bareng dheweke ngerti Nyi Ageng sing asli rupane kaya apa.

Dheweke banjur seneng dhewe karo Nyi Ageng. Loro karone malah seneng karo Nyi Ageng kabeh. Antarane Dampo A Wang lan San Pho Wang banjur seneng karo Nyi Ageng kabeh. Dheweke njaluk supaya Nyi Ageng bisa dadi duweke. Nanging Dampo A Wang ora trima yen dheweke njaluk kuwi. Dampo A Wang kawit biyen uga wis seneng karo Nyi Ageng. Nanging nganti saiki durung bisa duweni. Tresnane nganti kepati-pati karo Nyi Ageng. Nyi Ageng kuwi wira amarga dheweke sing bisa jaga Bakaran saka wong-wong sing pengin nguasani desa Bakaran. Nyi Ageng kuwi bener-bener bocah wadon sing pinter, sabar lan apik ati. Mula pancen bener yen wong lanang padha seneng marang dheweke. Kejaba ayu rupane uga ayu atine. Nanging dheweke durung seneng urip bebrayan karo wong lanang amarga wong akeh lanang kang padha ugal-ugalan. Wong lanang kang apik bisa dietung nganggo driji. Sing ngenteni lan kang nglamar nganti teka lunga. Pokoke jodho, pathi, lan rejeki kabeh kuwi ana sing ngatur. Kabeh mau diatur Gusti kang Maha Kuasa. Akhire Nyi Ageng kang asli wis bali ning desane, karo nggawa bayi. Dheweke banjur ceritake yen nemu bayi saka alas. Wong-wong wis padha percaya. Banjur San Pho Wang kuwi mau ketruduk yen dheweke Nyi Ageng palsu. Dheweke banjur njaluk ngapura lan ngaku yen kang kongkon kuwi mau Dampo A Wang.

Dheweke banjur dihukum nanging hukumane luwih ringan jalaran dheweke gelem jujur. Kabeh mau dhalange Dampo A Wang. Nyi Ageng lan wong kampung kabeh ngukum Dampo A Wang. Jalaran dheweke kang marai gawe ontran-ontran lan geger gember. Dampo A Wang kuwi pancen musuh sing licik.Nyi Ageng duwe kanca jenenge Demang sing tau seneng dheweke nanging ora wani kandha. Wong loro kawit cilik wis kancanan. Wong tuane uga kancanan. Mula dheweke wis akrap karo kluargane Demang. Akhire Demang wani nglamar Ageng lan lamaran mau uga ditampa Ageng. Amarga wong loro kuwi padha tresnane. Demang banjur critake kabeh kang ana ning jero isi atine marang Nyi Ageng. “Ageng sebenere awit biyen aku wis seneng awakmu.” “Semana uga aku kangmas.” “Aku ora wani kandha jalaran biyen kene tau kancanen.” “Banjur…!” “Aku wedhi nek mbok tolak, lan mung mbok anggep kanca biasa lan hubungane kene ora bisa luwih saka kanca.” “Saiki terus banjur piye?” “Ngene lho wong ayu, apa awakmu gelem tak lamar lan urip bebrayan bareng karo aku.” “Injih kangmas, Ageng purun.”Kabeh usahane kuwi jebule ana kang ngewangi. Kancane Nyi Ageng kang wiwit cilikane wis seneng karo tindak-taduke Nyi Ageng. Jaka kuwi jenenge Demang. Bocahe kuwi gedhe dhuwur lan bagus rupane. Dheweke uga ngerti yen Ageng nemu lan didadekake anan angkat. Dheweke gelem nampa Ageng apa anane. Saka kuwi Ageng uga tresna marang Demang lan nampa lamarane. Dheweke banjur kawinan lan didadekake demang ing desa, jalaran pantes karo jenenge.

Demang kuwi priya kang bakal bisa njaga Ageng lan tanggung jawabe gedhe.Dampo A Wang saking lara atine amarga ora ditampa lamarane. Mula dheweke banjur ngobong alas nganti entek resik. Banjur Nyi Ageng jenengake desa kuwi dadi desa Bakaran. Jalaran asale saka obong-obongan lan bakar-bakaran. Amarga alas kuwi mau amba banget mula dibagi dadi loro. Bakaran Wetan lan Bakaran Kulon. Bakaran Wetan kuwi bisa digawe dadi sawah. Semana uga Bakaran Kulon bisa digawe dadi tambak. Loro karone bisa ngasilake pangan lan iwak. Dheweke uga kepengin nguasai desa bakaran kang panggonane cedhak karo segara lan pelabuhan. Dheweke kepengin nguasai usaha perdagangan. Pelabuhan kuwi kang bisa nggabungke bandhar-bandhar gedhe kaya ing kutha Semarang. Bakaran biyen akeh kang kepengin nguwasai kejaba cedhak segara uga ana sawahe. Nanging saiki sawah ing Bakaran wis dadi tambak kabeh. Nyi Ageng pundene ning Bakaran Wetan. Bakaran Kulon kuwi pundene sing lanang yaiku Mbah Demang. Jenenge yen digandheng dadi Mbah Demang, Nyi Ageng. Kaya ngana kuwi critane desa Bakaran kang nganti saiki isih wutuh kaya ngana. Mlebu pundhen kuwi sandale kudu dicopot. Saben ana mantenan lan bayi lahir kudu diubengke pundhen.

Kuwi kanggo duduhake marang Mbah Demang, Nyi Ageng yen ana anak putune kang anyar. Kuwi kudu diubengke yen ora mula bisa cilaka kabeh. Pundhen kuwi mau bisa kanggo nyekar. Desa Bakaran kuwi akeh tradhisine lan larangane. Kuwi diturunake Nyi Ageng lan saanak putune sing urip ing Desa Bakaran. Ing desa Bakaran uga tau ana wong kuwi uripe pas-pasan. Jenenge Parmin dheweke nyambut gawe lunga menyang lampung. Dheweke ning kaya digudak-gudak macan. Dheweke mulih ning Bakaran maneh omonge jalaran ora krasan. Nanging dheweke tau diweruhi wong tua nganggo klambi lan surban putih supaya jupuk lemah saka pundhen Bakaran. Lemah kuwi dikonkon buntel nganggo mori putih lan dikongkon nggawa ing Lampung. Kabeh kuwi kanggo bukti marang Danyang Bakaran. Saiki uripe kepenak, uga wareg sandhang lan pangan.

About these ads

Tentang admin

Sesuatu yang baik, belum tentu benar. Sesuatu yang benar, belum tentu baik. Sesuatu yang bagus, belum tentu berharga. Sesuatu yang berharga/berguna, belum tentu bagus.
Tulisan ini dipublikasikan di Asal - Usul dan tag , . Tandai permalink.

6 Balasan ke DUMADINE DESA BAKARAN, JUWANA

  1. Dika berkata:

    makasih ya pak artikelnya,
    kebetulan saya lagi disuruh guru saya nyari cerita legenda
    kapan” buat lagi ya pak cerita legenda yang pake jawa krama biar nilai saya ++
    hehehehehe,semoga blognya makin rame
    thanks before ^^

  2. warsito berkata:

    cerita ini menurut saya beda dengan apa yang di critakan sama gideon sutawi (manager bos saya), crita ini beda 50%
    …??

  3. peyox maitan berkata:

    terimakasih atas semua artikelnya

  4. This is very fascinating, You’re a very professional blogger. I have joined your rss feed and stay up for in search of more of your great post. Additionally, I’ve shared your web site in
    my social networks

  5. Jembing berkata:

    Biasa kurang pas

  6. wong bakaran berkata:

    Kenapa hal yang menjurus syirik masih di tradisikan?

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s