ASAL USULE DESA TELUK AWUR JEPARA

Jaman biyen ana sawijine Syeh kang manggon ing dusun Jondang, udakara 3 km sakulone Jepara. Syeh kuwi asmane Syeh Jondang. Syeh Jondang kuwi priya sing bagus rupane. Syeh Jondang duwe garwa, asmane Ni Badralangu. Ni Badralangu kuwi wanita sing sulistya ing budi lan pancen ayu tenan. Wong loro padha urip bebarengan kanthi tentrem, andum rasa asih. Ana apa wae mesti dilakoni bebarengan. Sing sabenere penggalihe Syeh Jondang lagi nandang susah amarga kelangan adhi lanang sing banget ditresnani. Syeh Jondang ora reti ana ngendi saiki adhine tunggal welad kuwi. Syeh Jondang banjur ngumbara nggoleki adhine. Sasuwene ngumbara nggoleki adhine penggalihe ora tentrem amarga tansah kelingan marang garwane sing banget ditresnani yaiku Ni Badralangu sing ana ing omah dhewe.

Syeh Jondang duweni karep buka tegalan. Tegalan kuwi arep ditanduri pari lan jagung kanggo pangan sedinane. Lemah sing kanggo tegalan kuwi ora adoh panggonane saka daleme Syeh Jondang. Wiwitane Syeh Jondang sregep anggone nyambut gawe, nanging saya suwe gaweyane ora dirampungake, amarga tansah kelingan marang Ni Bdralangu. Saben dina mung wira-wiri saengga tegalane ora diopeni kanthi bener. Ni Badralangu dadi prihatin, reti yen pegaweyane ing tegalan ora rampung-rampung dening Syeh Jondang.

Ing sawijine dina, Syeh Jondang bali saka tegalan, nanging lagi saka omah, mula Ni Badralangu gumun. Ni Badralangu celathu, “Kangmas apa nggone buka tegalan wis rampung, sesuk wis arep ditanduri jagung ta?”

Krungu celathune garwane, Syeh Jondang mung mesem banjur mangsuli, “Ni Badralangu, tegalane durung rampung mula ya durung bias ditanduri.”

“Kangmas, apa ana alangan sajrone panjenengan buka tegalan? Apa ana sing ngridhu penggalihe Kangmas, saengga ora rampung-rampung nggone buka tegalan.”

Ni Badralangu, sasuwene iki atiku ora kepenak yen ninggalake sliramu dhewe ing omah. Lagi sedhela wae tekan tegalan, Kangmas pengin cepet mulih amarga kelingan pasuryane Dhiajeng.”

“Ah, Kangmas ki ana-ana wae. Dhewek iwis ora nganten anyar maneh tur wis suwe nggone urip bareng lha kok isih kaya wong sing lagi kasmaran wae.”

“Pancen mengkono nyatane, Dhiajeng. Menawa Kangmas nyambut gawe suwe ana tegalan mesthi tansah kelingan pasuryanmu.”

“Yen ngono, Dhiajeng duwe cara supaya Kangmas bias nyambut damel kanthi rasa tentrem menawa Dhiajeng ing omah dhewe. Kangmas damel gambare Dhiajeng banjur gambare diasta menawa Kangmas nyambut dame ling tegalan, kanthi cara iki Kangmas ora grusa-grusu nggone nyambut damel.”

“Bener kandhamu Dhiajeng. Iya mengko Kangmas wiwit nggawe gambarmu.” Syeh Jondang wiwit nggambar Ni Badralangu. Dhasare wis pinter nggambar mula asile ya apik lan maremake. Antarane pasuryane Ni Badralangu lan gambare ora ana bedane. Esuke Syeh Jondang bias nyambut gawe kanthi ati kang ayem tanpa grusa-grusu pengin mulih ngomah. Ing tegalan gambare Ni Badralangu diselehake ana ing lemah banjur ditindhihi lemah supaya ora katut angin, banjur Syeh Jondang megawe kanthi sengkut.

Ing sawjine dina, Syeh Jondang macul kanthi sengkut, dumadakan ana angin gedhe ngaburake godong-godong garing lan gambare Ni Badralangu uga melu katut angin. Syeh Jondang nggoleki gambare garwane, nanging ora ketemu. Penggalihe Syeh Jondang dadi sedhih.

Ana pawarta yen gambare Ni Badralangu kuwi katut angin nganti tekan Keratin, sing rajane isih mudha. Raja kuwi pirsa gambare Ni Badralangu. Barang pirsa gambare Ni Badralangu sing sulistya ing warna, Raja dadi kasengsem lan marakake rasa tresna ing atine. Esuke Raja dhawuh marang patih lan perjurite nggoleki sapa sejatine wanita ing gambar kuwi. “Aja nganti mulih ing keraton yen durung bias nemokake sapa sejatine wong ayu ing gambar kuwi,” ngendhikane Sang Raja.

Nggone nggoleki wong wadon sing ana gambar kuwi yaiku Ni Badralangu pranyata butuhake wektu sing ora sedhela. Sakwise nepungake, sang patih banjur ngendika yen dheweke diutus Raja nggoleki wanita ing gambar kuwi sing ora liya Ni Badralangu. Barang krungu ngendikane sang patih, Syeh Jondang sedhih atine amarga bakal kelangan Ni Badralangu, nanging dheweke kudu manut marang prentahe Sang Raja. Ing jero penggalihe Syeh Jondang mikir, kepriye carane supaya Ni Badralangu bisa dadi duweke maneh. Sadurunge Ni Badralangu diboyong ing keraton, dheweke pamit lan janji prasetya marang Syeh Jondang. Ni Badralangu njaluk marang Syeh Jondang supaya diparani ing Keraton.

Syeh Jondang goreh atine nggone mikir kepriye carane supaya bisa nemoni garwane. Syeh Jondang duwe cara yaiku kanthi nyamar dadi tukang kentrung. Syeh nabuh kentrung karo ngubengi kraton lan asring ing keputren. Ni Badralangu reti yen kuwi Syeh Jondang, sigaraning nyawa sing banget ditresnani. Ni Badralangu jaluk marang Raja, ditanggapna tukang kentrung sing ora liya ya Syeh Jondang.

Krungu panjaluke Ni Badralangu, Sang Raja ngendika, “yen sliramu pancen seneng, aku dak ngutus punggawa Keratin supaya nggoleki tukang kentrung kuwi. Kekarepane Syeh Jondang bisa keturutan, ketemu Ni Badralangu. Syeh Jondang ngnetrung ing kraton. Ni Badralangu jaluk marang Raja supaya tukang kentrung asring ditanggap ing kraton kanggo nglipur atine. Sinuwun nuruti apa wae kang dadi pepengine bakal bojone kuwi, nanging sinuwun ora reti yen kuwi mung akal-akalane Ni Badralangu supaya bias asring ketemu Syeh Jondang.

Ni Badralangu kekarepane saya rena-rena. Dheweke jaluk marang Sang Raja supaya digolekake bukur bondhan ing segara. Yen pancen sinuwun tresna lan pengin Ni Badralangu dadi garwane mula sinuwun kudu bias nuruti kekarepane Ni Badralangu sing pungkasan iki. Bukur bondhan kuwi kudu Sang Raja dhewe sing golek.

Sang Raja wis kadhung tresna marang Ni Badralangu, mula apa wae kang dadi kekarepane mesthi dituruti. Sang Raja nyamar dadi tukang miyang banjur menyang segara saperlu golek bukur bondhan. Rasukane ditinggal ing kraton. Ni Badralangu rada gumun nalika Sang Raja buka rasukane, pasuryane mirip karo garwane, nanging arep kaya ngapa rasa tresnane isih kanggo Syeh Jondang, guru lakine.

Nalika Sang Raja menyang segara, kanthi sesingidan Syeh Jondang mlebu kraton. Syeh Jondang ngagem rasukane Sang Raja sing ditinggal mau. Ni Badralangu gumun, pirsa pasuryane garwane sing mirip karo Sang Raja. Sinuwun sing sejatine Syeh Jondang kuwi gawe rantaman arep ngumpulke perjurit. Para perjurit ora ana sing cubriya yen sing ngendika kuwi dudu rajane. Syeh Jondang ngendika, “Ing wektu iki negarane dhewe ana ing bebaya, ana musuh sing nyusup ing negarane dhewe. Saiki musuhe dhewe nyamar ana ing teluk dadi tukang miyang. Mula ayo padha dicekel banjur dipateni, supaya negara kalis saka bebaya.

Barang krungu prentahe Syeh Jondang, para perjurit budhal menyang segara utawa teluk. Pancen bener ing teluk kuwi ana wong sing lagi nggolek bukur. Para perjurit banjur ngepung lan mateni wong mau. Nalika dikepung kuwi wong sing sejatine rajane kuwi ngendika, “He rakyatku, geneya padha nyerang aku, aku iki rajamu, aja ngawur wae.”

Para perjurit ora ana sing nggantekake rajane, nganti rajane seda amarga diserang dening perjurit dhewe. Mayite Sang Raja digawa menyang kraton supaya Raja percaya yen wong miyang kuwi wis mati. Krungu pawarta iki Syeh Jondang lan Ni Badralangu seneng banget, nanging rasa bungahe kuwi ora suwe barang reti yen raja sing dipateni kuwi sejatine adhine Syeh Jondang sing wis suwe ilang. Syeh Jondang banget nggone getun nganti ngungun, amarga wis ngutus perjurit mateni adhike, lan perjurit kuwi ngawur mateni rajane.

Keraton lagi belasungkawa. Sakwise adhike di kubur, Syeh Jondang diangkat dadi raja, ngganteni adhine. Kanggo ngelingi adhine sing wis dipateni dening perjurit sing ngawur kuwi, teluk kuwi diwenehi jeneng “Teluk Awur” dening Syeh Jondang. Saiki desa sing cedhak karo teluk kuwi diwenehi jeneng Teluk Awur.

About these ads

Tentang admin

Sesuatu yang baik, belum tentu benar. Sesuatu yang benar, belum tentu baik. Sesuatu yang bagus, belum tentu berharga. Sesuatu yang berharga/berguna, belum tentu bagus.
Tulisan ini dipublikasikan di Asal - Usul dan tag , , . Tandai permalink.

Satu Balasan ke ASAL USULE DESA TELUK AWUR JEPARA

  1. Kak Totok berkata:

    Mohon ijin copas, matur nuwun

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s