LEGENDA DESA BONANG

Kedadeyan prastawa iki nalika masa kerajaan Demak. Kurang luwihe critane yaiku miturut wong tuwa nalika masa kerajaan Demak, Sunan Bonang entuk undangan saka Raden Patah, pendiri kerajaan Demak sing sakdurunge njabat dadi Bupati Demak. Sunan Bonang nindakake perjalanan kanthi liwat dalan laut lan darat. Perjalanan lewat laut diadani kanthi numpak prau. Sunan Bonang uga salah sijine wali sanga sing nyiarake ajaran islam ing tanah jawa.Sunan Bonang uga kalebu wong sing duweni ada-ada arep ngedegage kraton lan Masjid Demak. Ana ing perjalanan darat, Sunan Bonang ketemu karo pemuda sing jenenge Raden Said ing alas Jatiwangi.

Raden Said diusir karo wong tuwane saka kadipaten Tuban amarga konangan seneng ngrampok bandhane tuan tanah lan hartawan sing sugih . bandha rampokan mau banjur dibagiake karo fakir miskin.

Masyarakat nyebut dheweke Brandal Lokajaya. Ing kana Sunan Bonang dicegat karo Raden Said arep dirampas bandhane, nanging Sunan Bonang namung nggawa teken sing gagange digawe saka emas.Sakwise cedhak, Raden Said ngadhang jangkahe Sunan Bonang sing ngganggo klambi jubah putih.

“Wong tuwa, ketoke kowe ora wuta. Kowe uga isih kuwat mlaku, kenapa kowe ndadak nggawa teken?” pitakone Raden Said.

“Nganggo teken iki aku ora bakal kesasar meskhi aku mlaku nang dalan sing peteng.” Jawabe wong tuwa iku.

“Nanging saiki isih padang, yen tanpa tongkat iku kowe isih isa mlaku apik.” Bantahe Raden Said. Wong tuwa iku mandeng Raden Said.

Praupane ngetokake sifat welas asihe nanging pribadine agung lan wibawa.

“Tongkat iku pegangan, wong urip utawa mlaku kudu duweni cekelan supaya ora mlaku neng dalan sing nyesatake.” Kandane wong sing berjubah putih.

“Aku pengen weruh tekenmu,” Kandhane Raden Said.

“Saka weruh isa nuwuhake rasa pengen duweni. Ora apik duweni nggene wong liya.” Kandhane wong sing berjubah putih.

Tanpa ngomong Raden Said ngrebut teken iku nganti wong ngganggo jubah putih iku tiba ndeprok ana ing lemah. Raden Said ndeleng teken kuwi, aneh, teken sing asale gagange emas maleh dadi kayu biasa.

Sawetara Sunan Bonang susah payah ngadheg karo ngetokake eluh wong sing ngganggo jubah putih iku nangis. Raden Said tambah gumun.

“Aja nangis wong tuwa, iki tekenmu tak balekake.” Kandane Raden Said karo ngulungake teken sing dicekeli.

“Aku ora nangis amarga tekene kok rebut, nanging aku ngrasa nyesel lan dosa. Karana aku tiba lan ora sengaja aku njabut suket sing ora salah.” Kandhane wong sing berjubah putih.

“Mung suket sagagang kowe ngrasa dosa?” Pitakone Raden Said.

“Suket uga makhluke Gusti Allah. Aku njabut suket iki tanpa ana gunane, yen aku njabut kanggo pakan ternak ora apa nanging yen kanggo tak sia-sia iku dosa.”

Raden Said kaget krungu ucapan filosofis iku.

“Napa kowe tega tindhak kasar karo wong tuwa.”

“Aku pengen bandha.” Jawabe Raden Said.

“Kanggo apa?” Pitakone wong berjubah putih.

“Arep takwenehake karo fakir miskin.” Jawabe Raden Said.

“Apik niatmu, nanging cara sing kok anggo iku salah, omonge wong sing Berjubah putih.

“Apa maksudmu?”

“Allah seneng karo barang apik lan mung nerima amal saka barang sing apik lan halal.” Jawabe wong sing berjubah putih.

Raden Said tambah kaget krungu ucapan iku.

“Jelase, Allah ora nrima sedekah sing haram. Dadi sia-sia sedekah sing kok wenehake saka hasil ngrampok saksuwene iki. Yen kowe pengen bandha. Iki njupuken! Iki bandha halal!” ngomong kaya kana wong berjubah putih kuwi karo nuduhake wit aren.

Saknalika wit mau dadi emas. Pange, godhonge, wohe, lan sakabehane dadi emas. Raden Said ngerahake ilmune. Dheweke ngira yen wong tuwa mau ngerahake ilmu sihire. Yen wong tuwa iku ngerahake ilmu sihir mula nganti gampang dheweke isa nangkal. Nanging dheweke kecele. Wong tuwo mau ora ngetokake ilmu sihire. Wit kuwi bener-bener wis maleh dadi emas.Raden Said gumun, dheweke nyoba menek wit iku, arep njupuk wohe sing cemlorot. Durung nganti tekan dhuwur wohe wis padha rontok nibani sirahe nganti Raden Said semaput.

Nalika Raden Said sadar. Wit aren mau mbalik asal. Wohe sing mau rontok warna emas maleh dadi ijo kaya woh aren biasane. Raden Said celingukan, nggoleki wong tuwa berjubah putih sing mau ngrubah wit aren dadi emas. Nanging tuwa mau wis ora katon maneh. Sadar Raden Said yen wong tuwa mau iku sakti sing duweni ilmu tinggi. Bokmenawa golongan para ulama’ utawa para wali.

Saknalika Raden Said nggudhag wong tuwa mau. Dheweke kepingin dadi muride.Sakwise ngerahake tenagane dheweke lagi isa weruh bayangane wong tuwa iku saka adohan. Wong tuwa iku alon olehe mlaku, nanging Raden Said durung isa nyusul. Sakwise nafase arep entek,Raden Said lagi isa nyusul wong tuwa iku ing pinggir kali.

“Ana apa kowe nyusul aku?” Pitakone wong tuwa iku.

“Gelema kirane kowe nrima aku dadi muridmu.” Omonge Raden Said.

Wong tuwa iku ora liya yaiku Sunan Bonang sing gelem nrima Raden Said dadi muride. Nanging raden Said kudu ngliwati ujian kasetyan. Sunan Bonang nancepake tekene ing pinggir kali. Raden Said diperintah nunggu teken iku.

“Sanggup kowe nrima syarat iki?” Pitakone Sunan Bonang.

“Sanggup Kanjeng Sunan.” Jawabe Raden Said. Sunan Bonang nerusake lakune menyang Masjid Demak. Bali Raden Said kaget weruh Sunan Bonang mlaku ing dhuwur banyu kaya mlaku biasa ing daratan. Tambah mantep niate Raden Said berguru karo Sunan Bonang. Bareng nyabrang kali Sunan Bonang nerusake lakune.Saksuwene mlaku Sunan Bonang nduweni niat arep ngaso, ana ing papan ngasone Sunan Bonang krungu ana wong sing lagi dolanan bonang. Sebab ing pemukiman iku akeh pengrajin sing padha nggawe bonang saka kuningan, salah sijine perangkat gamelan sing digunakake nggiringi musik ana ing pagelaran ringgit.

Wiwit wektu kuwi desa kasebut dikenal kanti jeneng bonang nganti saiki.Ing bonang uga ngadeg masjid, masjid kuwi miturut crita adhike Masjid Demak. Ngadege Masjid Al-Karomah kuwi aga ana campur tangane Sunan Bonang, nalika ngaso ing pemukiman kana, wancine shalat dzuhur, Sunan Bonang arep shalat, nanging ora ana Masjid. Ing kana Sunan Bonang ngajak para warga bareng-bareng ngedegake Masjid lan dadi Masjid Al-Karomah iku.Al-kisah,

Sunan Bonang lali karo Raden Said sing dikon nunggoni tekene ing pinggir kali. Iku wis lumaku nganti wulan-wulanan suwene malah ana sing nyebutake taunan. Sakwise iling Sunan Bonang bali nemoni Raden Said. Sunan Bonang pengen weruh apa raden said setya nunggu tekene. Sunan Bonang kaget sakwise weruh Raden Said sing tetep setya nunggu tekene ing pingir kali nyambi semedi.

Miturut sumber liya Raden Said donga marang Gusti supaya diturokake kaya gusti nurokake pitu pemuda ing Goa Kahfi taunan suwene. Dongane raden Said dikabulake. Dheweke isa turu taunan saengga awake dirambati oyot lan godhong wit-witan. Sunan Bonang lagi isa nangekake sakwise ngetokake suara adzan. Cara liya ora isa kanggo nangekake Raden Said. Sakwise Raden Said tangi dheweke diajak nang panggonane Sunan Bonang. Nang kana dheweke diwenehi pelajaran agama tingkat tinggi. Amarga saka keuletane Raden Said dheweke isa marisi kabeh ilmu Sunan Bonang. Karana Raden Said tau tapa utawa turub ana ing pinggir kali taunan sakwise dadi wali, dheweke disebut Sunan Kalijaga. BAju takwa, Perayaan sekaten, Grebeg MAulud, Layang Kalimasada, lakon wayang Petruk dadi Raja, kuwi kabeh ciptaane Sunan Kalijaga.

About these ads

Tentang admin

Sesuatu yang baik, belum tentu benar. Sesuatu yang benar, belum tentu baik. Sesuatu yang bagus, belum tentu berharga. Sesuatu yang berharga/berguna, belum tentu bagus.
Tulisan ini dipublikasikan di Legenda dan tag , . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s