Asal Mulane Desa “Wirun”

Ing kabupaten Pati ana desa sing diarani desa Wirun. Desa Wirun ana ing kecamatan Winong kabupaten Pati propinsi Jawa Tengah. Sejarah ngadege desa Wirun ana ing jaman Majapahit. Nalika jaman semana ana wanita sing Jenenge Lasiah utawa sing diundang kanthi jeneng mbah Ndhawik. Nalika semana Lasiah lagi nggoleki kang mase sing jenenge Citra Bangsa Lan Rante Wulung, Citra Bangsa uga lagi mbabad alas ana ing kabupaten Pati.

Citra Bangsa wis mbabad alas Sing diwenehi jeneng Alas Mojorembun, dijenengake Majarembun amarga ing alas kuwi ditemokake wit Maja ing jaman Majapahit. Desa Mojorembun uga isih sakelurahan karo desa Wirun. sawise mubeng anggone nggoleki Citra Bangsa lan ketemu ing Mojorembun, dheweke uga mbabad alas ing sisihe alas sing dibabad Citra Bangsa.

Nalika mbabad alas Lasiah uga ndhuduk sumur ana ing tengah sawah, lan ing sisishe sumur kuwi ana wit ase singumure wis tuwa banget lan nganti saiki sumur lan wi asem kuwi iseh. Sumur kuwi diarani sumur sawah, amarga panggonane ing tengah sawah. Nadyan sumur kuwi digawe lan ora disemen nanging banyu ing sumur kuwi tetep bening lan ora tau asat nadyan lagi etiga dawa. Uga banyu ing sumur kuwiora asin kaya sumur-sumur liyane sing ana ing desa,. Mula akeh wong sing padha ngangsu kanggo ngombe, lan sing ngangsu sing sumur kuwi ora mung wonng saka desa wirun nanging uga saka desa-desa sisihe. Sumur kuwi sing dadi peninggalane. Lan ana ing cedhake sumur kuwi Lasiah di Makamke.
Desa kuwi dijenengke desa Wirun amarga nalika kuwi Lasiah pinter miru jarik. Amarga kepintarane miru jarik, mula desa kuwi dijenengake desa wirun. Amarga kepinterane miru jarik, akeh wong sing kepengin njaluk lan njukuk sarta nduweni jarike Lasiah. Jarik sing di wiru Lasiah keprungu tekan ngendi-endi, saengga akeh wong sing kenal karo Lasiah amarga kepinterane mau. Mula akeh wong sing padha mara Salah sijine sing kepengin nduweni jarike Lasiah yaiku Danyang (wong sing mbabad alas ngedegake desa) Pulorejo (Mbingung), danyang Bumiharjo (Mbothok) lan Dhanyang desa Tanggel.

Amarga ora diwenehi mula wong-wong kuwi pada tumindak serik lan nduweni kekarepan sing ala. Saengga padha meksa supaya diwenehi jarike. Pungkasane jarike Lasiah dicolong. Ngerti yen jarike dicolong, Lasiah susah lan nesu. Saengga kakane uaga melu nesu, muka kakange njaluk karo Lasiah supaya bisa nemukake jarike. Lasiah pamitan karo kakange kanggo nggoleki lan ngoyak wong sing nyolong jarike. San saya suwe Lasiah ngerti sapa wonge sing nyolong jarike. Wong sing nyolong jarike yaiku danyang Mbingung. Mula kanthi tekad sing kuat Lasias ngoyak danyang Mbingung kanggo njaluk supaya jarike mbalik.

Ana ing tengah sawah (alas) lasiah perang karo danyang Mbingung. Ing peperngan kuwi danyang mbingung kalah lan mlayu. Lan lasiah kasil njukuk jarike sing dicolong. Nanging kanca-kancane padha ora trima lan padha ngoyak Lasiah, Lasiah mlayu ndhelik ana ing tengah alas. Ngerti yen adhine lagi dioyak-oyah, Cirtra Bangsa nggoleki Lasiah ana ing alas. Sawise ketemu, lasiah didhelikake. Amarga Lasiah iseh digoleki mula Lasiah nyamar supaya wong-wong padaha ora ngerti.

Sawise wis ora geger maneh Lasiah bali ana ing desa Wirun. Lasiah banjur ngomong yen wong Wirun ora kena rabi karo wong Mbingung. Mula nganti wektu sing suwe ora ana sing wani nglanggar omongane mau. Nanging kairing majune jaman siki wis ana sing nglanggar pantangan kuwi. Lasiah uga ngomong yen sumur ing tengah sawah kuwi banyune ora asin, ora kaya banyu ing sumur-sumur liyane ing desa. Amarga yen sumur kuwi asin mula ora ana sing bakal ngangsu lan oara bakal ana sing ngopeni.

Sawise kuwi Lasiah nerusake anggone mbabad alas kanggo nggedhekake desane. Lan nglestarekake uga nularake kepinterane miru jarik karo anak putune.

Amarga pinter Lasiah (mbah Ndhawik) pinter miru jarik mula yen ana reja-rejane jaman desa kiwi dijenengka desa Wirun. Mula kuwi Lasiah njaga lan nduweni tanggung jawab sing abot supaya jarike ora ilang maneh. Lsiah susah yen jarike ilang maneh.

Kanggo ngormati perjuangane Lasiah sing ngadegake lan mbabad alas ing tanah Wirun, mula yen saben taun dianakake tasyukuran lan kirim donga. Tasyukuran kuwi diarani sedekah bumi, utawa nyedekahake asil bumi, lan ngresiki desa biyasane dianakake saben sasi Apit. Lan dianakake tanggapan, biyasane kethoprak sing dhuwite saka dhuwit sing dikumpulake dening warga desa Wirun.

Tentang admin

Sesuatu yang baik, belum tentu benar. Sesuatu yang benar, belum tentu baik. Sesuatu yang bagus, belum tentu berharga. Sesuatu yang berharga/berguna, belum tentu bagus.
Pos ini dipublikasikan di Asal - Usul dan tag , . Tandai permalink.

4 Balasan ke Asal Mulane Desa “Wirun”

  1. Syah Rooney berkata:

    desa” selain wiron dan yg ada d’kecmatn winong mna gan,,,,??

  2. marcell berkata:

    crito liyane wonten bos.aku sing putune mbah ndawik mlh ora mudeng.h
    from.bocah kidul prapatan wirun.rt06-01.

  3. didik rt 3 berkata:

    lha sing nduweni sumber cerita iki teko ngendi.?au yo wong wirun

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s