ASAL MULANE DESA KANCILAN

Ing kabupaten Jepara, nalika jaman biyen ana salah sawijine papan panggonan sing isih awujud alas. Nanging ing alas sing isih rengket banget iku mau ana sing manggoni. Sing manggoni ing alas iku yaiku sakpasang kakang adhi lan sakpasang bojo lanang wadon. Sakpasang kakang adhi mau jenenge Mangun Jati lan Mangun Sari, dene sakpasang wong lanang wadon mau jenenge Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Mbah Kari Beker iku bojone Mbah Nini Beker.

Antarane Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker kaliyan Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku padha-padha sedulur tunggal guru. Sing dimaksud sedulur tunggal guru yaiku dudu tunggal sedulur kandung nanging padha padha tau maguru utawa golek ilmu ing padepokan ing negeri sebrang.

Bareng wis padha-padha manggon ing alas sing isih durung tau dipanggoni manungsa iku mau, para sedulur papat iku padha babat alas utawa resik-resik alas. Bareng wis padha resik kabeh banjur diadege omah-omah kanggo panggonan sedulur papat iku mau. Sandhang karo papan wis padha duwe nanging bab pangan, sedulur papat iku durung bisa nyukupi kabeh. Banjur padha mikir gawe ladhang dhewe sing bisa ditanduri pari, kacang, jagung, maneka warna tetaneman palawija lan sapiturute. Dina esuke, Mbah Mangun Jati, Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker, lan Mbah Nini Beker padha bedhog utawa macul lemah, diluku, digaru, dibanyoni, banjur ditanduri bibit pari. Bareng wis limolas dina, pari dirabuk utawa diwenehi pupuk, sedurunge diwenehi pupuk, suket-suket ing tanduran pari mau dijabuti sing biasane diarani matun.

Akhire sedulur papat mau padha duweni sawah dhewe-dhewe. Nanging sing nyekel sawah iku utamane yaiku Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, amarga anane Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku pernah sedulur tuwa dibanding karo Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Sedurunge bibit pari di tandur lan sakwise pari dipanen, sawah mau diamong-amongi utawa didongani dhisik, among-among iku gunane supaya bisa lancar pangane, panene bisa kasil kaya sing dikarepake lan supaya lemah sing bakal dipacul ora kaget lan bisa subur. Sawah sing ditanduri Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker iku dijenengi sawah segembok. Segembok iku asale saka tembung gembok sing duweni maksud kunci. Kunci dhewe dimaksudke supaya papan panggonan sing dipanggoni lan lahan sawah sing wis digarap ora ana sing bakal ngrusak utawa njupuk amarga wis dikunci dening sedulur papat iku mau. Saka tembung kunci iku mau banjur papan panggonan sing dipanggoni Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker, banjur diarani utawa dijenengi Kuncilan. Asline jenenge desa Kuncilan nanging mulai jaman biyen sakwise Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari wafat, olehe warga masyarakat desa Kuncilan diarani desa Kancilan. Nganti sakiki jenenge tetep desa Kancilan amarga luwih gampang pangucapane. Desa Kancilan dhewe duweni maksud padha karo sawah segembok yaiku desa utawa papan panggonan sing wis dikunci dening Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Dikunci maksude supaya desa Kancilan tetep aman ora ana barang-barang utawa bab-bab sing ala sing mlebu. Desa Kancilan dhewe dibagi loro, yaiku Depok lan Kancilan. Depok dipanggoni Mbah Mangun Jati dene Kancilan dipanggoni Mbah Mangun Sari. Depok iku ana ing desa Kancilan sisih wetan dene Kancilan iku ana ing sisih kulon.

Bareng Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari wafat, loro-lorone padha digawekake pundhen ing tengah-tengahing pesareyan depok lan pesareyan Kancilan. Pundhen-pundhen iku isih ana nganti saiki. Dene Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker ana ing pesareyan biasane, ora digawekake pundhen kaya Mangun Jati lan Mangun Sari amarga isih luwih sepuh Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Nganti saiki sing dadi sesepuh ing desa Kancilan yaiku Mangun Jati lan Mangun Sari. Amarga sing menehi jeneng dadi desa Kancilan iku ya Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Nganti saiki uga, sapa wae warga masyarakat desa Kancilan sing duweni gawe, arep mantu utawa liya-liyane, iya kudu sowan ing pesareyane Mbah Mangun Jati ing Depok lan sowan ing pesareyane Mbah Mangun Sari ing Kancilan karo nggawa sesaji ayam ingkung lan didongani bareng-bareng. Biasane uga padha ngaji ing pesareyane Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Kabeh warga masyarakat ing desa Kancilan nganti saiki tetep nglestarekake tradisi sowan ing pesareyane Mangun Jati lan Mangun Sari. Ora mung pas arep ana gawe nanging ing wayah wulan suro, ruwah, poso, lan syawal. Amarga Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku sing mbaureksa utawa dianggep nguasani desa Kancilan mula nganti saiki dihormati banget.

Tentang admin

Sesuatu yang baik, belum tentu benar. Sesuatu yang benar, belum tentu baik. Sesuatu yang bagus, belum tentu berharga. Sesuatu yang berharga/berguna, belum tentu bagus.
Pos ini dipublikasikan di Asal - Usul dan tag , . Tandai permalink.

5 Balasan ke ASAL MULANE DESA KANCILAN

  1. Terima kasih pak! Saya generasi muda sebagai pamong desa di Desa Kancilan akan mengarsip tulisan bapak dan bila nanti ada tambahan dari para sesepuh disini akan kami sampaikan ke bapak melalui web ini. Maturnuwun.

  2. chon-chon berkata:

    tulisan bapak ini jadi membuat saya kangen desa kancilan🙂 . walau saya cm tinggal selama 35hari disana tp kenangan tentang kancilan nendang bgt🙂

  3. ustadz falah berkata:

    tolong diungkap jg dong siapa sebenernya mbah mangun jati mangun sari

  4. What is the difference between business information management and business
    administration? Can i go for an MBA if i get a bachelors degree
    in either one? Which one is better for accounting?
    .

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s